[nasional_list] [ppiindia] ..Ludruk Suroboyoan

  • From: "Listy" <listy@xxxxxxxxxxxxxxx>
  • To: "[ppiindia] (E-mail)" <ppiindia@xxxxxxxxxxxxxxx>
  • Date: Mon, 7 Feb 2005 18:47:15 +0700

** Mailing List Nasional Indonesia PPI India Forum **

 
sorry, menggunakan bahasa internasional tahun 5000 .. :))
 
 
-----Original Message-----
 
 
DOKTER CANGGIH
Yuk Jah lungo perikso nang dokter.
"Opoko sampeyan ning ?'' Jare doktere. Yuk Jah terus cerito, "Iki lho dok, wis 
sak wulan iki aku malih ngentutan.
Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu 
ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. Lha iki pas aku longgo 
ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut. Tapi sampeyan gak ngerti 
tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu. Cumak aku malih gak enak 
dhewe, mosok arek wedhok ngentutan ".
"Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki. Seminggu maneh mbaliko ene maneh" 
jare doktere. Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.
"Wis enakan tah ?" takok doktere. "Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno 
wingi, cumak entutku saiki kok ambune malih bosok gak karuan. Sampek kudhu 
nggeblak aku. Tapi untunge entutku sik tetep gak muni", jare yuk Jah.
"Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh. Saiki tebusen resep iki yo" 
jare doktere. "Obat opo maneh iku pak dokter ?" takok yuk Jah.
"Obat kopok.."
 

ARGOWILIS
Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo 
Bandung.
Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketokane termasuk keluarga ningrat lek 
ndhelok pacakane.
Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure sekitar 20an.
Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karo tanda 
jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an. Sebelahe tentara mau onok arek lanang 
gondrong umure 25an. Ketokane rocker.
Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem. Sampek moro-moro sepure 
mlebu terowongan athik lampune mati, dhadhi petengan pol. Wong papat iku malih 
meneng kabeh.
Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong dikaplok 
PLAK..!!!.
Wis mari ngono sepi maneh.
Sing ibu-ibu iku mau mbatin," Wah hebat arek wedhok sebelahku iki, isok menjaga 
harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan".
Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan,"Gak salah tah, sing ngesun mau iku, 
wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek sing disun".
Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok melok mbatin 
pisan,"Jangkrik, gak melok ngesun tapi kenek kaplok. Dikiro aku pengecut tah, 
lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah tersinggung aku".
Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan, "Waahh.. kapan maneh 
aku isok nggaplok Kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun mau iku 
tanganku dhewe hihihihi...".
 
 
JIN
Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit asem, 
mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue. Sik tas katene keturon, dhadhak 
sikile ngincak botol. Bareng botole dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot 
kuaget.
"Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti," jare jine.
"Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan 
sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki ambek 
jin" jare Kayat. "Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki 
lak jin apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir. Opo maneh awakmu wis kadung 
koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke.
Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo" jare jine maneh.
"Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama, aku 
kepingin ndhuwe dhuwik sak karung," jare Kayat
"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro ndhik ngarepe
Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.
"Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?" jare jine.
"Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange." 
jarene Kayat.
"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro Kayat wis nang njero 
omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.
"Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing temenan 
cik gak getun" jare jine.
Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk, "Aku kepingin kulitku malih putih 
wudho dirubung wong wedhok akeh".
Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek 
keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai 
curiga. Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat 
wis dhadhi tahu ning tampah. . .
"Jin guoblok!!! kok aku mbok dhadheke tahuuuuuuuuu.... "

 
NGUMBAH KUCING
Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.
"Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?" takok Bunali.
"Aku katene ngumbah kucing" jare Wonokairun.
"Gak salah tah Mbah." Bunali bingung.
"Iyo soale kucingku akeh tumane." Jare Wonokairun.
"Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah" Bunali ngilingno.
"Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo" jare Wonokairun.
Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge. Sisuke, Wonokairun teko 
maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
"Yok opo kucing sampeyan Mbah ?" takok Bunali.
"Kucingku mati " jare Wonokairun.
"Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik 
diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo" jare Bunali nyeneni. "Kucingku mati 
gak mergo rinso" jare Wonokairun njelasno.
"Opoko lho ??" Bunali gak sabar.
"Tak peres . . . ."

 
NGUNTAL YUYU
Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.
"Mbah. Jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. Yo tah ?" takok Bunali.
"Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh." jare Wonokairun.
"Lho kok isok ?" jare Bunali.
"Sing pertama mati nguntal yuyu." jare Wonokairun
"Lha sing kedua ?" takok Bunali
"Sing kedua mati nguntal yuyu." jare Wonokairun.
"Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan" jare Bunalu kemeruh.
"Gak. Matine mergo tak gibheng." jare Wonokairun.
"Lho opoko ?" takok Bunali.
"Soale gak gelem nguntal yuyu . . ."

 
TUKU TISU
Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe. Sing dituku tibake daging 
kalengan gawe pakane kucing. Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire.
"Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno lek 
sampeyan iku ndhuwe kucing. Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan 
emplok dhewe." jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno ndhik 
Bunali.
"Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit balung pakane 
asu.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.
"Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu iki 
sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik Bunali. 
"Iki asuku " jare Wonokairun ambek mbayar biskuit balung gawe asune. Sisuke 
Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, karo nenteng kardus bekase indomi sing 
pinggire dibolongi sak driji.
"Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare Bunali.
"Iki isine dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno. 
Wis tah tak jamin gak bakal nyatek. " jare Wonokairun.
Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire Bunali 
kendhel. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus. Tibake njerone onok 
gembuk-gembuke. Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak.
Bunali misuh-misuh gak karuan, "Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo aku 
sampeyan kongkon ndhemok tembelek."
"Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ? ".
 
 
 
 


[Non-text portions of this message have been removed]



------------------------ Yahoo! Groups Sponsor --------------------~--> 
Take a look at donorschoose.org, an excellent charitable web site for
anyone who cares about public education!
http://us.click.yahoo.com/O.5XsA/8WnJAA/E2hLAA/BRUplB/TM
--------------------------------------------------------------------~-> 

***************************************************************************
Berdikusi dg Santun & Elegan, dg Semangat Persahabatan. Menuju Indonesia yg 
Lebih Baik, in Commonality & Shared Destiny. www.ppi-india.uni.cc
***************************************************************************
__________________________________________________________________________
Mohon Perhatian:

1. Harap tdk. memposting/reply yg menyinggung SARA (kecuali sbg otokritik)
2. Pesan yg akan direply harap dihapus, kecuali yg akan dikomentari.
3. Lihat arsip sebelumnya, www.ppi-india.da.ru; 
4. Satu email perhari: ppiindia-digest@xxxxxxxxxxxxxxx
5. No-email/web only: ppiindia-nomail@xxxxxxxxxxxxxxx
6. kembali menerima email: ppiindia-normal@xxxxxxxxxxxxxxx
 
Yahoo! Groups Links

<*> To visit your group on the web, go to:
    http://groups.yahoo.com/group/ppiindia/

<*> To unsubscribe from this group, send an email to:
    ppiindia-unsubscribe@xxxxxxxxxxxxxxx

<*> Your use of Yahoo! Groups is subject to:
    http://docs.yahoo.com/info/terms/
 



** Forum Nasional Indonesia PPI India Mailing List **
** Untuk bergabung dg Milis Nasional kunjungi: 
** http://groups.yahoo.com/group/ppiindia/ **
** Website resmi http://www.ppi-india.uni.cc **

Other related posts:

  • » [nasional_list] [ppiindia] ..Ludruk Suroboyoan