[pistons92] Sudah pernah baca?Delete saja.

Dengan Hormat.

1 - Salesman

Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko ndik
omahku.
Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro
salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus
ndhik karpet.
Jarene ngene ''Wis pokoke buk, lek sampek vaccum
cleanerku iki gak isok nyedot, tak jamin tak emploke
sithok-sithok tembeleke wedhus iku."
Jare ewangku "Peno kepingin didhulit sambel tha
ngemploke ?".
"Lho opoko masalae ?'' salesmane takok.
"Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati ..."


2 - Rasa Stroberi tah . . .?

Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado
gawe bu gurune.
Sing pertama maju anake pedagang bunga. Bu gurune
ngambung kadone ambek mbedhek,
"Isine kembang yo....".
"Seratus buat bu guru.." jare anake pedagang bunga.
Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang. Ambek bu
gurune kadone dikocok-kocok. Wah iki rodok angel
mbedheke, pikire.
"Isine permen yo...".
"Pinter bu guru.." jare anake wong dhodhol mracang.
Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim.Pas kadone
diangkat, dhadhak netes. Ambek bu gurune tetesane
diincipi.
"Es krime rasa anggur yo..." jare bu gurune kemeruh.
"Salah..." jare areke.
"Rasa stroberi tah...?" bu gurune kemeruh maneh.
"Salah .." jare areke.
"Wis aku nyerah, rasa opo sih iku" takok bu gurune.
"Isinya anak anjing kok bu guru..."


3 - Ngentutan

Yuk Jah lungo perikso nang dokter.
"Opoko sampeyan ning ?'' Jare doktere.
Yuk Jah terus cerito, "Iki lho dok, wis sak wulan iki
aku malih ngentutan. Sak jam isok ping sepuluh aku
ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu ambek
gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti.
Lha iki pas aku longgo ndhik ngarepe sampeyan ae wis
ping telu aku ngentut.
Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku
gak muni ambek gak mambu. Cumak aku malih gak enak
dhewe, mosok arek wedhok ngentutan ".
"Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki.
Seminggu maneh mbaliko rene maneh" jare doktere.
Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.
"Wis enakan tah ?" takok doktere.
"Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi,
cumak entutku saiki kok ambune malih bosok gak karuan.
Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi untunge entutku sik
tetep gak muni", jare yuk Jah.
"Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh.
Saiki tebusen resep iki yo" jare doktere.
"Obat opo maneh iku pak dokter ?" takok yuk Jah.
"Obat kopok.."


4 - Avtur

Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik
Lanud Juanda bagian pengisian BBM Pesawat.
Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok
pesawat sing wani mudhun, wong loro iku malih nganggur
gak onok gawean.
"Adem-adem ngene enake ngombe yo" jare Uwar.
"Wah iyo tepak iki. Awakmu tau krungu tah lek avtur
iku isok diombe ?" jare Joko.
"Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss
!!..kon wani nyobak tah ?" Uwar mulai gunggungan.
Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur.
Wis tuwuk ngombe arek loro iku mulih terus keturon.
Isuke pas Uwar tangi, rasane awake sueger kuat.
Moro-moro onok tilpun muni, tibake Joko sing nilpun.
"Yok opo kon War..?" jare Joko
"Wah whuenak, kon yok opo ?" jare Uwar.
"Awakku yo sueger pisan. Kon gak teler tah ?" jare
Joko.
"Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokoke enak.
Mene nyobak maneh tah ?" jare Uwar.
"Yo setuju, cumak aku kate takok, kon wis ngentut
dhurung ?" takok Joko.
"Dhurung.." jare Uwar.
"Wah gawat iki. Wis pokoke kon ojok sampek ngentut yo.
Diempet ae sak kuatmu. ." jare Joko.
"Lho opoko masalae ..?" Uwar bingung.
"Soale aku saiki ndhik Banjarmasin.."


5 - Mbah Jo

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit.Jare doktere asmane
wis kronis, irunge sampek dipasangi selang.
Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok
wong koma, mripate thok sing ketap-ketip.
Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben
didungakno. Pas mudhine enak-enak ndungo, moro-moro
Mbah Jo megap-megap gak isok ambekan, raine pucet,
tangane gemeter.
Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis.
Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek
pulpen. Ambek megap-megap, mbah Jo nulis surat.
Karo siso-siso tenogone mbah Jo ngekekno surate iku
mau nang pak Mudhine.
Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki,
rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire
pak Mudhin.
Mari ngesaki surat pak Mudhin nerusno ndungone.
Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing
kelangan, soale masio sangar, mbah Jo iku wonge
apikan.
Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin
diundang maneh.
Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe'e
nganggo klambi batik sing digawe pas mbah Jo mangkat.
Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah,
waduh selamet iling aku rek, pikire pak Mudhin.
"Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah
Jo sing durung tak sampekno nang peno kabeh. Lek
ndhelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat
kanggo anak putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng
isi
surate".
Mari ngono pak Mudhin ngerogoh surat ndhik sake,bareng
diwoco tibake munine..
HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG
OXIGENKU !!!



Terima Kasih.
--
Menur 29A Surabaya 60116
031-5941153 08155158070
http://asia.profiles.yahoo.com/hasta_purnama



Other related posts: