[ak93-feua] Fwd: [Alumni FE Unair] banyolan suroboyoan




From: "Tri Laksono" <tri-l@xxxxxxxxxx>
Reply-To: Alumni_FE_Unair@xxxxxxxxxxxxxxx
To: <ak96unair@xxxxxxxxxxxxxxx>, <Alumni_FE_Unair@xxxxxxxxxxxxxxx>, <sma6sby@xxxxxxxxxxxxxxx>
Subject: [Alumni FE Unair] banyolan suroboyoan
Date: Tue, 16 Jul 2002 08:34:40 +0700



kanggo ngusir kangen karo Suroboyo....



Diuber celeng


Sore-sore mari mulih angon, Bunali pethuk ambek
Brudin.
"Waras ta !! " jare Brudin ndhik Bunali.
"Waduh dino iki aku meh mati disruduk celeng " jare
Bunali.
"Lho kok isok ngono, yok opo ceritone ?" jare Brudin.
"Mau awan iku aku pethuk celeng, terus tak garai, tak
kileni ambek pring dhadhak nguamuk. Aku diuber-uber
katene disrudhuk, untunge iku celenge bolak-balik tibo
kepleset, dhadhi aku sempet menek wit klopo". jare
Bunali.
"Waduh cik sereme, lek aku sing ngalami wis pucet
kepuyuh-puyuh gak karuan" jare Brudin.
"Lho, aku iyo ngono, kon pikir celenge kepleset opo ?"


Drakula


  Onok drakula loro jenenge Kentus ambek Kentir
  Arek loro iki wis sak wengi gentayangan golek
mbun-mbunan gak oleh- oleh.
Wis meh katene isuk Kentir mbalik atik lambene abhang
kabeh belepotan getih.
Ndhelok ngono, Kentus malih purik, "Waduh awakmu kok
isok oleh getih akeh ?".
"Awakmu kepingin tah ?. Ayo melok aku !!! " jare
Kentir.
Mari ngono arek loro iku miber bareng. Gak sui terus
anjlok ndhik wuwungane bangunan.
"Awakmu kethok cagak gendero ndhik ngisor iku ?" takok
Kentir.
"Yo kethok rek !! Sing cedhake pos satpam iku se ,"
jare kentus.
"Wah hebat awakmu . ." jare Kentir.
"Lho opoko masalae ? " takok Kentus.
"Soale aku mau gak kethok . ." jare Kentir.





Asmuni

 Bunali lagi kulak sandal nang pasar.
 Moro-moro onok arek marani Bunali.
 "Lho sampeyan iki Asmuni Srimulat yo?" takok arek
mau.
 "Dhudhuk !. Ngawur ae.!!" jarene Bunali.
 "Ojo mbujuki aku tah. Sampeyan mesti Asmuni!" jarene
arek mau ngeyel.
 Bolak-balik Bunali negesno lek dheke dhudhuk Asmuni
Srimulat, tapi
 arek mau tetep ae ngotot gak percoyo.
 Ndhik endhi ae Bunali ditututi ambek arek iku mau.
 Mergo mangkel, akhire Bunali ngiyakno, cik arek iku
ndang ngalih.
 "Yo wis tak akoni aku pancene Asmuni Srimulat!. Kate
lapo kon !!"
 "Tapi kok gak mirip blas yo?" jare arek mau ambek
nginclik.



ASI

 Yuk Jah lungo nang dokter anak ambek nggendhong
bayek.
 Gak sui Yuk Jah diceluk mlebu, tibake doktere
guanteng.
 Mari merikso bayeke, doktere takok nang Yuk Jah,
"Ning, arek iki
 ngombe ASI opo susu botol ?"
 "ASI pak dokter . . ." jare Yuk Jah.
 "Wah lek ngono tulung aku prelu merikso susu
sampeyan, " jare doktere. Yuk Jah nurut, klambine
dibukak.
 Mari ngono ambek doktere diperikso alon-alon.
 Yuk Jah seneng ae, soale enak ambek doktere kan
ganteng pisan.
 Wis mari merikso, doktere ngomong ngene, "Waduh Ning,
yo pantes bayek
 sampeyan kuru, wong sampeyan iku gak ndhuwe susu."
 Jare Yuk Jah, "Dhudhuk aku sing nyusoni pak dokter ".
 "Lha sopo maneh lho ? ." doktere bingung.
 "Aku iki ewange . ."




Wedhi karo bojo


  Mari pegatan muntiyadi terus rujukan maneh karo
romlah.
  Masalahe muntiyadi cinta pol karo romlah.
  Kapanane ndek kesatuanne muntiyadi, tentara
diperintah baris.
  Tapi komandan njaluk barisanne dibagi loro.
  Barisan sing pertama tentara sing wedi karo
bojone.
  Barisan sing kedua tentara sing gak wedi karo
bojone.
  Pas komandan ngecek barisan.
  Barisan sing pertama akeh pol.
  Barisan sing kedua cuman siji yo muntiyadi
  Komandanne takok nang muntiyadi :
  Opo'o peno kok gak wedi karo bojo.
  "Lho aku iki ndek barisan kedua, dikongkon karo
bojoku" Jare
  muntiyadi.




Nostalgia


Pas wayahe bulan purnama, Muntiyadi ngejak Romlah
ngelencer nostalgia numpak bronpit.
Mari ngono, arek loro iku tekan mburine pabrik paku.
"Dik, yok opo lek awake dhewe mbaleni lakon limang tau
kepungkur pas pacaran biyen ?" jare Muntiyadi.
"Iyo cak, setuju." jare Romlah.
 Mari ngono, Romlah dilungguhno ndhik pager wesi
mburine pabrik paku iku.
Terus ambek Muntiyadi, Romlah dijak indehoi koyok
jamane pas pacaran biyen.
 Moro-moro, Romlah lunjak-lunjak ambek awake horeg
kabeh.
 Ndelok bojone giras ngono, Muntiyadi tambah
semuangat.
 Wis oleh rong ronde, akhire arek loro iku nggeblak
ceblok ndhik suket.
 "Waduh dik, awakmu kok cik girase " jare Muntiyadi.
 "Iyo cak, limang taun kepungkur, pager wesine gak
onok setrume. ."



Semongko

  Bunali lagi pusing soale kebon semongkone ben
bengi dijarahi wong,
  padahal lagi wayahe panen.
  Wis diakali macem-macem sik pancet ae akeh sing
ilang.
  Jarene wong sing nyolong iku Wonokairun, tapi
Bunali gak wani
  nangkep.
  Akhire Bunali nemokno cara cik malinge kapok.
  Sore-sore sak durunge mulih, Bunali masang papan
peringatan sing
onok
  tulisane ngene, "Awas !!! Ati-ati lek arep
nyolong. Salah siji
  semongkoku iki wis tak suntik racun"
  Mari ngitung semongkone sing mateng, kabeh onok
limolas, Bunali
  mulih.
  Sisuke Bunali nyambangi kebone maneh, pas di ijir
semongkone sik
  pancet limolas.
  "Wah tibake malinge gocik, tak bujuki ambek
pengumuman ae wis wedhi
"
  pikire Bunali.
  Mari ngono Bunali ndhelok papan pengumumane
ambruk, wah paling
ketiup
  angin, pikire Bunali maneh.
  Pas diwalik, tibake papan pengumumane ditambahi
tulisan ambek
malinge,
  "Awas !!! saiki onok loro".



Wedhus

  Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.
  "Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare
Bunali
  "Yo lumayan " jare si Mbah
  "Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh
  "Sing putih opo sing ireng ?"
  "Sing putih, wis"
  "Selawe"'
  "Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
  "Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket
  Bunali takon maneh.
  "Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
  "Yo.."
  "Pirang kilo mangane sakdino ?"
  "Sing putih opo sing ireng ?"
  'Sing ireng, wis'
  "Yo kiro-kiro limang kiloan"
  "Lha sing putih?"
  "Podho . . ."
  Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu
mbedakno sing putih tah
  ireng, wong jawabane yo podho ae.
  "Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu,
sampeyan mesti leren
  takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal
masiyo putih utawa
  ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok
opo?"
  "Ngene lho, sing putih iku wehusku..."
  "Lha sing ireng ?"
  "Podho . . ."



Bajak Laut

  Muntiyadi pethuk ambek Gempil koncone sing dines
ndhik angkatan
  darat.
  Tibake Gempil iku saiki sikile sing kiwo yo
dingklang pisan, ambek
  tangane
  sing tengen tibake yo tughel digenti cathoke bakul
beras.
  Sing luwih nemen maneh, motone gempil kari sing
kiwo. Moto sing
tengen
  wis cumplung ditutupi kain ireng malih koyok bajak
laut.
  "Lho Mun, sikilmu opoko ? " takok Gempil.
  Mari ngono Muntiyadi cerito pengalamane kijolan
sikile wong wedhok.
  "Lha awakmu opoko kok mreteli pisan ?" Muntiyadi
genti takok nang
  Gempil .
  "Pas aku patroli nang Aceh, sikilku ngincak
granat, langsung
puthul.
  Pas
  iku onoke sikile sapi, berhubung aku gak gelem,
akhire yo ngene
  sikilku
  dhadhi mek sithok".
  "Waduh cik apese nasipmu, lha tanganmu opoko kok
digenti cathoke
  beras ?"
  takok Muntiyadi maneh.
  "Mari sikilku tughel iku mau, aku dirawat ndhik
barak. Moro-moro
  barakku
  dibom ambek mungsuh, kenek tanganku, langsung
tughel.
  Pas iku onoke cathoke beras, timbangane gak onok
blas, akhire aku
  gelem. "
  jarene Gempil maneh.
  "Wah kayal thok kon iku, lha motomu opoko kok
cumplung pisan ?
  Kelilipen
  granat tah ?" takok Muntiyadi maneh.
  "Oo iku seje ceritone. Enak-enak cangkruk
nyeritakno pengalamanku
iku
  mau, moro-moro onok manuk nembeleki mripatku ".
jare Gempil.
  "Wah kon iku tambah ngawur thok ae, lha mosok
ditembeleki manuk
isok
  motone cumplung". Muntiyadi mulai gak percoyo.
  "Lho iku dhudhuk mergo tembelek manuk" jare
Gempil.
  "Lho opoko ?" takok Muntiyadi.
  "Iku pas dino pertama aku nggawe cathok beras".





Numpak Taksi


Muntiyadi mari mulih jogo kiro-kiro jam rolas bengi. Embong wis suepi, gak onok bemo sing lewat, ojek yo gak onok. Muntiyadi malih merinding disko opo maneh ketepakan saiki malem Jum'at kliwon. Mari ngenteni sui, akhire onok taksi liwat, waduh lumayan pikire. Mari mlebu taksi lungguh ndhik mburi, Muntiyadi terus ngandani supir taksine njaluk diterno mulih nang Wiyung. Mergo kekeselen, gak sui Muntiyadi langsung keturon pules. Pas enak-enak turu, Muntiyadi moro-moro keroso taksine kok tambah alon. Bareng didelok dhadhak supir taksine wis gak onok, tibake montore mlaku dhewe. Muntiyadi tambah gemeter pas ndhelok tibake taksine lagi ngeliwati kuburan. Mergo gak kuat nahan wedhi, Mutiyadi bengok-bengok ambek kepuyuh- puyuh "Tolong !!. . .tolong !!". Moro-moro seko jendelone taksi, onok endhase supir taksi njengongok. Muntiyadi tambah pucet gak karuan, tibake supir taksine ngomong ngene. "Hee cak . .ojok turu ae . .Ewangono nyurung, montore mogok iki lho. ."




Mercon


  Kentir pethuk ambek konco lawase sing jenenge
Kentus.
  Pas ketemu arek loro iku podho kagete mergo Kentir
ambek Kentus
podho-
  podho
  sirae petal, raine gosong ambek untune yo podho
bogange.
  Arek loro iku takok takokan opoko kok isok podho
bocele.
  Kentir cerito lek raine rusak, sirae petal, ambek
untune ngowos
mergo
  melok
  nyemprot kobongan ambek mangap.
  "Pas aku mangap dhadhak onok elpiji mbledhos" jare
Kentir.
  Mari ngono Kentir takok nang Kentus opoko kok
sirae petal.
  "Mari teraweh aku nyumet mercon ambek rokok. Mari
tak sumet,
mercone
  tak
  sawatno wong dhodhol soto terus ndhelik ambek
ngisep rokok.
  Dhadhak wonge ngerti, aku diuber terus sirahku
digepuki pikulane
  soto" jare Kentus.
  "Lha lek raimu opoko kok gosong" takok Kentir
maneh.
  "Mari sirahku waras, aku merconan maneh. Mari tak
sumet ambek
rokok,
  mercone tak sawatno wong dhodhol bakso terus
dhelik maneh ambek
ngisep
  rokok. Dhadhak aku ketemon maneh, aku diuber mari
ngono diguyang
  dhudhuhe bakso" jare Kentus.
  "Wok nemen kon iku, ngono yo gak kapok. Lha lek
untumu opoko kok
  guwung
  kabeh ?" takok Kentir maneh.
  "Oo lek iki seje ceritone. Pas katene nyumet
mercon dhadhak onok
arek
  pacaran liwat"
  "Kapok kon, mulakno tah ojok seneng nginceng.
Paling kon digibheng
  ambek
  sing lanang " jare Kentir kemeruh.
  "Gak ngono ceritone . ." jare Kentus.
  "Opoko lho . .?" takok Kentir.
  "Aku lali . . . Rokokku sing tak sawatno. . ."





Kepiting

  Romlah njaluk ditukokno kepiting gawe buko.
  "Yo wis tak tukokno nang rolak" jare Muntiyadi.
  "Lho gak numpak bronpit tah ?" takok Romlah.
  "Gak wis, cik gak amis. Tak nyegat bemo ae" jare
Muntiyadi.
  Mari ngono Muntiyadi budhal nyegat bemo.
  Dhadhak ndhik bemo Muntiyadi pethuk ambek bekas
pacare biyen,
jenenge
  Sablah.
  "Lho cak Mun, kate nang endhi peno cak ?" takok
Sablah.
  "Kate nglencer golek angin . ." jare Muntiyadi.
  "Sakjane aku kate kulak kain, tapi wurung ae wis,
tak melok peno
ae"
  jare Sablah ngalem.
  Mari ngono arek loro iku ngelencer nang musium
Kapal Selam
  Ndhik kono lak isis tah, dhadhi gak keroso
moro-moro wis sore.
  "Waduh blaen iki, aku kudhu mulih, wis yo ." jare
Muntiyadi.
  Mari pamitan, Muntiyadi mampir nang rolak tuku
kepiting diadhai
  kresek.
  Mergo gopoh kabeh, pas katene mlebu pekarangan
dhadhak kreseke
jebol,
  kepitinge buyar kabeh.
  Ambek nggurak kepitinge, Muntiyadi bengok-bengok
"Ayo cepetan
  sithik . .wis meh tekan iki "
  Krungu bojone bengok-bengok, Romlah ambek
muring-muring.
  "Cak . .cak, cik guobloke se sampeyan iku. Lha
mosok kepiting
  digiring padhakno bebek ae. Mulakno kok sui. . ."



Wanita Besi

  Sutaji gupuh kabeh marani kantor pulisi katene
lapuran.
  "Waduh Pak Pulisi, aku sik tas ae dinunuti
Margaret Tatcher " jare
  Sutaji.
  "Sampeyan ojok macem-macem lek lapuran . " jare
pulisine gak
percoyo.
  "Saestu Pak, asli aku gak mbujuk ". jare Sutaji.
  "Lek ngono lapuran sing lengkap alon-alon.
Sampeyan pethuk Margaret
  iku nang
  ndhi ?" takok pulisine.
  "Ngene lho ceritone Pak. Pas aku ngirim barang
arep mlebu tol Waru,
  moro-moro onok bule tuwek awe-awe njaluk nunut.
  Bareng wis munggah, aku kuaget tibake wong bule
iku Margaret
  Tatcher. " jare
  Sutaji.
  "Lho kok sampeyan yakin lek iku asli Margaret
Tatcher ?" takok
  Polisine.
  "Aku yakine iku pas ngisi solar, dhe'e iku titip
njaluk tukokno
Mesran
  Super, jarene ngelak. Lha sisane iku ditetesno
mripate, jarene
  mripate perih
  " jare Sutaji.
  "Opoko ceritone kok dhe'e sampek isok nunut awakmu
?" takok
pulisine
  maneh.
  "Ceritone iku, dhe'e lagi melancong nang Suroboyo,
lha pas sampek
  Demak
  dhadhak moro-moro dhe'e diuber-uber wong akeh,
onok tukang rombeng,
  onok
  juragan besitua. Kabeh iku nggowok timbangan
dhewe-dhewe kepingin
  ngiloni
  dhe'e. Mergo wedhi, akhire dhe'e mlayu mbalik nang
hotel. Pas arep
  tekan
  hotel, dhadhak dhe'e pethuk ambek wong Timbang
Badan. Begitu
ndhelok
  timbangan, Margaret tambah pucet kewedhen, terus
mlayu maneh sampek
  akhire
  pethukan ambek aku njaluk nunut. Pas tak takoni
arep nang endhi,
  jarene
  sembarang pokoke sing aman. Akhire yo tak jak
ngirim barang. Lha
  saiki iku
  aku arep lapuran ndhik sampeyan lek Margaret iku
ngilang maneh. Aku
  wedhi
  lek disalahno." jare Sutaji.
  "Lho kapan dhe'e ngilang maneh ? " takok pulisine.
  "Pas praotoku tak enggokno jembatan timbang "




Ketinggalan Sepur


  Mari nglaporno margaret thatcher sutaji oleh tugas
maneh seko kaji
  Imron.
  Sutaji dikongkon ngeterno duwek rong juta gawe
mbayar utange kaji
  Imron.
  "Pak .....duwek rong juta iki dikekno sopo" ?
Takok sutaji.
  "nggone Pak Bunali ndek Semarang" jare Pak kaji
  "sopo sing ngeterno aku nang terminal sepur" jare
sutaji maneh
  "Ojo kuatir ..... gempil karo sujak ngancani
awakmu sampek stasion
  sepur"
  jare Pak Kaji.

  Menene wong telu budal numpak sepur jurusan
semarang.
  "Sepure sek suwe rek .....ayok ngopi karo rokokan
desek rek" jare
  sutaji
  Akhire wong telu mau ngobrol karo guyon cekikikan
ndek warung kopi.
  Saking asyike guyon wong telu mau gak ngerti lek
sepure kate budal

  Pas suorone sepur muni banter teett...tetttt ...
arek telu mau
kuaget
  Mari mbayar kopi arek telu terus mblayu nututi
sepur
  Gempil karo sujak mblayune luwih cepet dadi sik
isok mencolot mlebu
  nang
  sepur
  Sutaji ketinggalan ndek mburi ... akhire gak nutut
.. wis ..
  ketinggalan

  Gak suwe sutaji terus ngguyu kuekel ..... ha ..ha
..ha ...
  Wong sing ndelok ..sutaji ... ono sing sakno ..
ono sing bingung
...
  ono
  sing ngiro arek gendeng

  Satpame ndelok sutaji koyok ngono gak mentolo ..
dipikir saking
sedihe
  terus dilampiasno ngguyu
  "hei .. kon iku ketinggalan sepur kok malah ngguyu
kekel opo' o?
jare
  satpame
  Sing kate lungo iku sakjane aku .... Sing numpak
sepur kok malah
sing
  ngeterno aku ...





SPG

  Sore-sore onok cewek SPG teko nawakno panci nang
omahe Wonokairun.
  "Kulo nuwun. " jare cewek iku ambek nyepot sandal.
  "Oo monggo, monggo pinarak. "jare Wonokairun.
  "Nuwun sewu pak, ibu wonten Pak ?" takok ceweke.
  "Waduh bojoku gak ndhik omah ndhuk " jare
Wonokairun.
  "Yen ngoten, kulo ngerantos mawon " jare ceweke
maneh.
  "Lho monggo. Anggepen koyok omah dhewe ndhuk "
jare Wonokairun
ambek
  ngejak
  cewek iku mau mlebu ruang tamu.
  Mari ngono tamune ditinggal ngetren dhoro.
  Pas Wonokairun mulih, tibake cewek iku sing
lungguh nang ruang
tamu.
  Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni kudhu
ngamuk ae.
  "Ibu teng pundhi to Pak ?" takok cewek SPG iku.
  "Bojoku lungo nang kuburan ndhuk" jare Wonokairun.
  "Jam pinten mangke kondure ?" takok cewek iku
maneh.
  "Waduh gak weruh aku ndhuk. Wis onok limolas taun
durung tau mulih
"





Njegur

  Onok juragan tambak jenenge Sablah ngadakno
sayembara.
  "Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal
oleh hadiah Sepeda
  Montor."
  jare Sablah.
  Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi
gak onok sing wani
  njegur
  nang tambak.
  Masalae tambake isine dhudhuk iwak tapi boyo,
nyambik, bajul lan
sak
  panunggalane.
  Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti
dhadhi montor
kijang
  anyar.
  Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur mergo
merinding ndhelok
boyone
  guedhe-guedhe mangap kabeh.
  Akhire ambek Sabalah hadiae ditambah maneh, montor
kijang anyar
ambek
  omah
  sak isine.
  Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Mari sepi
meneng kuabeh,
  moro-moro Muntiyadi njegur nang tambak.
  Penontone keplok-keplok kabeh ndhelok Muntiyadi
gelut ambek boyo.
  Kiro-kiro wis sak jam, akhire Muntiyadi tampil
sebagai pemenang.
  Cumak yo ngono, awake dhedhel kuabeh.
  Wis mari ambekan, Sablah marani arep nyerahno
hadiae, tapi
Muntiyadi
  nolak.
  "Yo wis tak tambahi dhuwik limangatus juta" jare
Sablah, tapi
  Muntiyadi tetep nolak.
  "Tak tambahi mas-masan sak kilo" jare Sablah
maneh, Muntiyadi tetep
  gak gelem.
  "Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti"
jare Sablah gak
  gelem kalah.
  "Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo
rene" jare
  Muntiyadi.




Numpak Taksi 2


  Mari jogo bengi Muntiyadi mulih numpak taksi.
  Timbangane sepi, Muntiyadi njawil supir taksine
kate ngejak
ngobrol.
  Pas dijawil dhadhak supir taksine kuaget setengah
mati.
  Saking kuagete, sikile langsung mancal gas,
montore langsung
mencelat
  katene nyosop warung.
  Untunge, supire sik sempet ngincak rem, gak sidho
nubruk.
  Muntiyadi ambek supire podho pucete gak isok
ambekan.
  Pas wis tenang, Muntiyadi njaluk sepuro ambek
takon nang supire
opoko
  dijawil ae kok kuaget.
  Jare supire "Ngene lho cak, aku sik tas pertama
kali iki nyupir
  taksi, lha sampeyan iku yo penumpangku sing
pertama pisan."
  Muntiyadi bingung "Lho mbiyen sampeyan kerjone
opo, kok isok sampek
  kagetan koyok ngene ?"
  "Aku mbiyen yo nyupir pisan" jare supir taksine.
  "Supir praoto tah ?" takok Muntiyadi.
  "Supir montor jenasah . ."





Sepuluh Ewu

  Wonokariun ngejak gendakane, jenenge Mbok Cempluk,
perikso nang
  dokter Bunali.
  "Opoko sampeyan iku mbah, wong awake ketok tahes
kok athik
perikso."
  takok
  dokter Bunali.
  "Ngene lho dok, umurku iki wis 80 lha bojoku iki
wis kewut pisan
  umure 75.
  Aku pingin takok opo sik oleh tah aku ambek bojoku
iki main koyok
  manten
  anyar ?" takok Wonokairun ambek isin-isin.
  "Lho lek sampeyan gak onok penyakit yo aman-aman
ae. " jare
doktere.
  "Wah tepak lek ngono, cumak cik tambah mantep,
tulung aku ambek
bojoku
  diperikso. Lha terus mumpung ndhik kene, aku tak
main ambek bojoku
  nang
  kamar praktek sampeyan. Tulung dipantau mbok
menowo onok opo-opo."
  Jare
  Wonokairun.
  Batine Bunali, sak umur-umur lagek iki ono pasien
njaluk sing aneh
  koyok
  ngene. Tapi wong jenenge dokter akhire panjaluke
Wonokairun
dituruti,
  mari
  jantunge diperikso, wong loro iku main tutupan
layar. Lha Bunali
  ngenteni
  jogo-jogo lek misale wong loro iku gak kuat terus
jantungen.
  Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok
Cempluk metu ngguya-
  ngguyu.
  "Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.
  Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso
maneh, tibake pancene
  sik
  kuat. "Wis mbah, sampeyan sehat wal afiat. Ojok
khawatir."
  "Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
  "Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat."
Jare Bunali.
  Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.

  Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang
dokter Bunali. Persis
  koyok
  seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge,
mari ngono njaluk
  dipantau
  pas main.
  Bunali yo nuruti ae wong pancen tugase sebagai
dokter.
  Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok
Cempluk metu ngguya-
  ngguyu.
  "Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.
  Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso
maneh, tibake pancene
  sik
  kuat. "Lak wis tak kandani, sampeyan sehat wal
afiat. Ojok
khawatir."
  "Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
  "Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat."
Jare Bunali.
  Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.

  Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang
dokter Bunali. Persis
  koyok
  seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge,
mari ngono njaluk
  dipantau pas main.
  Bunali wis mulai ngersulo, tapi yo sik dituruti.
  Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok
Cempluk metu ngguya-
  ngguyu.
  "Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.
  Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso
maneh, tibake pancene
  sik
  kuat. "Koyok minggu wingi, sampeyan sehat wal
afiat. Ojok
khawatir."
  "Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
  "Sik tah mbah, aku katene takok. Sampeyan lak wis
tak kandani lek
  sampeyan iku sehat, laopo bolak-balik teko rene
ngongkon aku
  mentelengi sampeyan main. Masio elek, aku iki
dokter rek !!,
dhudhuk
  wasit smack down." Bunali mulai purik.
  "Ngene lho dok, aku iki wis muteri sak Suroboyo,
Mbenjeng,
  Balungbendo, Ndhiwek sampek Peterongan. Gak onok
sewa kamar sing
  ngisore sepuluh ewu ."




Pelabuhan


  Muntiyadi oleh tugas jogo nang pelabuhan Tanjung
Perak mulai isuk
  sampek sore.
  Isuk-isuk kiro-kiro jam enem, Muntiyadi pethuk
ambek Togog numpak
  sepeda gunung metu seko pelabuhan.
  Muntiyadi curiga soale, sepedane Togog digandoli
glangsing guedhe
  loro kiwo tengen.
  Isine pasti sabu-sabu, utowo putaw pikire
Muntiyadi.
  Mergo curiga, Togog dicegat terus digeledah kuabeh
mulai klambi,
  kathok sampek kampes.
  Mari ngono isi glangsinge yo disuntek pisan,
tibake isine mek pasir
  thok. Gak onok nakobar blas.
  "Kon laopo sepedaan nang kene ?" takok Muntiyadi.
  "Ngene lho pak, aku iki seneng olahraga nang
pinggit laut, angine
  enak." jare Togog.
  "Lho laopo sepedamu apik-apik athik kon gandholi
pasir ?" takok
  Muntiyadi.
  "Sepedaku iki enteng pak, cik rodhok abhot sithik
yo tak gandholi
  pasir iki." jare Togog maneh.
  Pikire Muntiyadi yo masuk akal penjelasane Togog
iki. Mari KTPne
  diperikso, akhire Togog diculno.
  Sisuke, Muntiyadi pethuk Togog sepedaan maneh.
  Mergo sik curiga, Togog diperikso maneh koyok
wingi.
  Akhire pancen gak onok opo-opo, isine glangsing
cumak pasir thok,
  Togog terus diculno maneh.
  Kiro-kiro wis seminggu, Muntiyadi mulai bosen
merikso Togog.
  Dhadhi lek pethuk ben isuk mek manthuk thok, laopo
diperikso maneh
  wong mek pasir.

  Selama telung taun akhire ben isuk Muntiyadi
pethuk ambek Togog
  numpak sepedaan.
  Arek loro iku malih dhadhi konco apik,
kadang-kadang Togog
ditraktir
  ngopi lek isuk.

  Mari ngono Muntiyadi dipindah tugase mbalik nang
markas besar, gak
  tau pethuk ambek Togog maneh.
  Suatu hari, pas Muntiyadi mangan nang restoran,
dhadhak pethuk
Togog
  maneh.
  Tibake Togog iku sugih, montore sedan anyar.
  Bareng kethok onok Muntiyadi, genti Togog sing
nraktir.
  Ambek mangan, arek loro iku ngobrol.

  "Gog, terus terang ae sakjane aku iki sik curiga
ambek awakmu. Aku
  yakin sakjane awakmu iki penyelundup, gak mungkin
awakmu isok sugih
  koyok ngene.
  Saking ae aku gak isok nemokno barang bukti. Lha
saiki aku wis gak
  jogo nang kono, wis tah awakmu ngaku ae ojok
khawatir, selama
telung
  taun wingi sakjane awakmu iku nyelundupno opo?."
takok Muntiyadi
  penasaran.
  "Sepeda . . ."



Sayang anak

  Muntiyadi oleh tugas penyerbuan nang sarange GAM.
  Repote, anake Muntiyadi sing jenenge Tole umure
sik sepuluh taun
gak
  gelem
  ditinggal njaluk melok.
  Mergo sayang anak, akhire Tole dijak pisan, mari
mulih sekolah
  langsung
  melok numpak pesawat.
  Nang pesawat wis onok koncone Muntiyadi jenenge
Togog ambek Gempil.

  Pas nang awang-awang, dhadhak mesin pesawate
mbrebhet terus mati.
  Wong papat iku mau mulai pucet kepoyoh-poyoh
royokan parasut.
  Lha masalae parasute iku mek telu, padahal wonge
onok papat
termasuk
  Tole
  anake Muntiyadi.

  Mergo wedhi kedisikan, Togog langsung nyaut
parasut terus terjun
metu
  pesawat.
  Mari ngono Gempil gak gelem kalah, melok nyaut
parasut terus terjun
  pisan.
  Muntiyadi terus rundingan ambek anake, sopo sing
kudhu ngalah soale
  parasute
  kari sithok.

  "Le anakku, parasut iki gawe awakmu ae, masa
depanmu sik dhowo.
Bapak
  mek
  titip salam gawe mbokmu yo Le."

  "Pak, sampeyan wis gak usah mbrebes mili,
ngisin-ngisini markas
besar
  ae.
  Iki lho parasute sik onok loro. " jare Tole.

  "Lho kok isok ngono, lak mau wis disaut Togog
ambek Gempil ?"
  Muntiyadi heran.
  "Sing disaut Om Togog iku mau tas sekolahku . . ."




Lali



Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek napuki sirahe. Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung mandhek nakoni. "Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?" takok Bunali. "Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun, sik enom, ayu, semlohe. " jare Wonokairun ambek nangis. "Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. " Bunali mulai bingung. "Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae kari njaluk, jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. " jare Wonokairun. "Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. " Bunali tambah bingung. "Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. " jare Wonokairun maneh. "Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung- gerung gak mari-mari ?" Bunali wis gak sabar meneh. "Aku lali ndhik endhi omahku . . . ."



Ndlahom


Muntiyadi bingung nggoleki bojone. Mari munyer-munyer sepedaan, akhire ketemu. Muntiyadi kuaget, tibake Romlah lagi ndhodhok ndhik tengah lapangan, waduh sempel wong iki pikire.

  Seko pinggir embong Muntiyadi mbengoki bojone.
  "Ooooiii !!! Laopo kon ndhik kono dik" jare
Muntiyadi ambek bengok-
  bengok.
  "Lho sampeyan gak kethok tah, aku lagi numpak
perahu nang tengah
  segoro" jare Romlah.
  "Waduh dik, mulakno wong ngarani awakmu ndlahom,
wong kelakuanmu
  pancene koyok ngono. Ayok ndhang mulih, ojok
ngisin-ngisini aku"
jare
  Muntiyadi emosi.
  "Gak gelem aku cak, wong aku lagi enak-enak golek
iwak " jare
Romlah.
  "Mulih tah gak !!!" jare Muntiyadi muntap.
  "Gak gelem!! " jare Romlah.
  "Tak gibheng lho yo !!!" jare Muntiyadi.
  "Rinio lho lek wani !!" jare Romlah.
  "Oo... saking ae aku gak isok renang"





[Non-text portions of this message have been removed]





_________________________________________________________________
MSN Photos is the easiest way to share and print your photos: http://photos.msn.com/support/worldwide.aspx



Other related posts: